DIALOG PARIKAN WANGSALAN
Eka : Assalamualaikum.
Winda : lha kok njanur gunung kuwe tekan
kene ?
Eka : mau seko ngeterke adikku
latihan, mampir sisan
Winda : oalah, adikmu latihan apa ?
Eka : latihan gamelan ing
sekolahanne
Winda : ono opo kuwe mrene ?
Eka : aku mung pengen nggentha
dara kuwe
Winda : hah ? Opo kuwi tegese nggentha
dara ?
Eka : mosok kuwe ora reti ? Iku
lo, aku mung pengen nyawang kuwe
Winda : oalah, kuwe kangen karo aku yo ?
Eka : haha ora, aku mung guyon.
Winda : o yo, kowe wis garap tugas basa
jawa ?
Eka : wis tak garap.
Winda : Awan-awan aja keluyuran, ana pak
mantri numpak sekuter. Kapan-kapan aku
keturutan, duwe kanca sinauné pinter.
Eka : Ngasah arit, nganti landhep.
Dadi murid, kudu sregep.
Winda : Tuku oleh-oleh, menyang rantau. Muga-muga
kabeh, tambah sregep sinau.
Eka : o yo Win, aku bali sek yo.
Isih akeh garapanku nang omah.
Winda : Yo, ati-ati.
Eka : Assalamualaikum.
Winda : Waalaikumsalam.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar