Kamis, 03 Oktober 2013

pidato bahasa jawa




                                                         



Kelompok ARIMBI :

·     AlBaqy Wulandari
·     Eka Wahyu Andayani
·     Pradita Noviani Nisa U.
·     Q. Ervitarosa Dewi




ARIMBI


Assalamualaikum Wr. Wb.

Ingkang kinurmatan Bapak-Bapak , ibu-ibu ingkang minulya saha para wredha mudha ingkang kula tresnani.
Ingkang sepindhah, sumangga kita panjataken puja lan puji syukur dhumateng ngasanipun Gusti Ingkang Maha Kuwaos ingkang sampun paring kasehatan marang kita sedaya saengga kita saget kempal wonten acara punika tansah sehat wal’afiat.

Wonten mriki kuwula minegkani pranata hadicara badhe maosaken susunan acara wonten dalu punika:
1. Pembukaan
2.Wosan ayat-ayat suci Al-Qur’an
3. Sambutan Ibu Kepala Desa
4. Sambutan Ketua Karang Taruna
5. Sambutan Ketua Panitiya Peringatan Hut RI Ke-68
6. Panutupan
Acara ingkang sepindah enggeh punika pembukaan, mangga acara wonten dalu punika kita bikak kanthi wosan ummul kitab, ‘ala hadiniyyah assholihah Al-Fatihah. Kita lajengaken acara ingkang kaping kaleh inggih punika wosan ayat-ayat suci Al-Qur’an dumateng panjenenganipun Bapak … kula sumanggaaken menika kula wau wosan ayat-ayat suci al-Qur’an mugi-mugi saget nambah lancaripun acara wonten dalu punika.

Acara ingkang kaping tiga inggih punika sambutan, dumateng panjenenganipun ibu Kepala Desa kulo sumanggaken mekaten kula wau sambutan saking ibu Kepala Desa.

 Dilajengaken acara ingkang kaping sekawan inggeh punika do’a dumateng sambutan, dumateng panjenenganipun ketua Karang Taruna kuls sumanggaaken.
Acara ingkang gangsal inggih puniko sambutan, dumateng panjenenganipun Ketua Panitiya Peringatan Hut RI Ke-68.
Ingkang penutup, monggo acoro ing dalu puniko  kita tutup kanthi waosan hamdalah. Mekaten saking kawula menawi wonten atur ingkang kirang mranani dumateng penggalih panjenengan sedaya kula nyuwun agungin pangapunten. Walakhiron.
Wassalamualaikum Wr.Wb.
Sambutan Ibu Kepala Desa
Assalamualaikum Wr. Wb.
Para rawuh sedaya ingkang kula hormati.
Ing dalem wakdal ingkang berbahagiya niki, mangga kula lan panjenengan sedaya ngucapaken raos syukur dumateng ngersanipun Allah swt. ingkang sampun maringi nikmat lan rahmatipun arupi sehat badan, lan nikmat ingkang langkung niku inggih menika arupi nikmat kemerdekaan bangsa Indonesia. Lan dinten niki kita sedaya ngengeti dinten ulang tahunipun ingkang kaping 68. Mugiya bangsa Indonesia niki langkung jaya lan raos tenterem, adil lan makmur.
Shalawat lan salam mugi tetep dipun paringaken dumateng nabi kita Muhammad saw., keluarganipun, para sahabatipun, ugi kaum muslimin sedaya ingkang estu-estu purun ngelampahi ajaran-ajaran Islam ing dalem gesangipun. Mugi-mugi kita sedaya dados umat beliau ingkang purun ngelampahi ajaran Islam kanti leres lan estu-estu ing dalem gesang niki.
Para rawuh sedaya ingkang kula hormati.
Ing dalem wakdal ingkang berbahagiya niki, mangga kita sedaya raos syukur ateges ngelampahi napa ingkang sampun dipun paringaken bangsa Indonesia arupi kemerdekaan niki. Kita sedaya selaku generasi ingkang nerusaken perjuanganipun, mangga kita isi kemerdekaan niki kelawan pinten-pinten kegiatan ingkang saget menunjang kualitas kita sedaya ing antawisipun inggih meniko arupi nggiataken lan sregep anggenipun belajar lan lintu-lintunipun.
Lan kita sedaya sampun sumerap, mbok beleh saben tahun kita tepatipun wulan Agustus ngengetaken dinten ulang tahunipun. Sedaya niku ngerupekaken kangge ngenang malih peristiwa lan pinten-pinten kedadosan wakdal semanten. Semanten ugi kita dados tiyang Islam ngerupekaken kewajiban nggali pinten-pinten nikmat ingkang sampun dipun paringaken dumateng kita sedaya lan ugi dumateng sedaya bangsa Indonesia.
Nikmat arupi kemerdekaan ingkang sampun dipun paringaken dumateng kita sedaya khususipun lan bangsa-bangsa Indonesia umumipun niku ngerupekaken setunggaling nikmat ingkang paling ageng selaku bangsa Indonesia. Saking niku kemerdekaan menika kedah estu-estu kita sedaya syukuri. Keranten saget kita sedaya raosaken ngantos nyogoh-nyogoh lan putu lan ugi dateng sakterusipun. Kados dawuhipun Allah inggih menika artasipun :
Para rawuh sedaya ingkang kula hormati.
Mugiyo kita sedaya saget ngisi kemerdekaan niki kelawan kesahenan. Akhirul Kalaam.



Assalamualaikum Wr. Wb.

Ingkang kinurmatan bapak-bapak , ibu-ibu ingkang minulya saha para wredha mudha ingkang kula tresnani.
Ingkang sepindhah, sumangga kita panjataken puja lan puji syukur dhumateng ngasanipun Gusti Ingkang Maha Kuwaos ingkang sampun paring kasehatan marang kita sedaya saengga kita saget kempal wonten acara punika tansah sehat wal’afiat.

Wonten mriki kuwula minegkani pranata hadicara badhe maosaken susunan acara wonten dalu punika:
1. Pembukaan
2. Wosan ayat-ayat suci Al-Qur’an
3. Sambutan Ibu Kepala Desa
4. Sambutan Ketua Karang Taruna
5. Sambutan Ketua Panitiya Peringatan Hut RI Ke-68
6. Panutupan
Acara ingkang sepindah enggeh punika pembukaan, mangga acara wonten dalu punika kita bikak kanthi wosan ummul kitab, ‘ala hadiniyyah assholihah Al-Fatihah. Kita lajengaken acara ingkang kaping kaleh inggih punika wosan ayat-ayat suci Al-Qur’an dumateng panjenenganipun Bapak … kula sumanggaaken menika kula wau wosan ayat-ayat suci al-Qur’an mugi-mugi saget nambah lancaripun acara wonten dalu punika.

Acara ingkang kaping tiga inggih punika sambutan, dumateng panjenenganipun ibu Kepala Desa kulo sumanggaken mekaten kula wau sambutan saking ibu Kepala Desa.

 Dilajengaken acara ingkang kaping sekawan inggeh punika do’a dumateng sambutan, dumateng panjenenganipun ketua Karang Taruna kula sumanggaaken.
Acara ingkang gangsal inggih punika sambutan, dumateng panjenenganipun Ketua Panitiya Peringatan Hut RI Ke-68.
Ingkang penutup, monggo acara ing dalu punika  kita tutup kanthi waosan hamdalah. Mekaten saking kawula menawi wonten atur ingkang kirang mranani dumateng penggalih panjenengan sedaya kula nyuwun agungin pangapunten. Walakhiron.
Wassalamualaikum Wr.Wb.


Sambutan Ketua Panitiya Peringatan
Assalamualaikum Wr. Wb.
Ingkang kinurmatan bapak RT 02 RW 01. Bapak-Bapak , ibu-ibu ingkang minulya saha para wredha mudha ingkang kula tresnani.
Ingkang sepindhah, sumangga kita panjataken puja lan puji syukur dhumateng ngasanipun Gusti Ingkang Maha Kuwaos ingkang sampun paring kasehatan marang kita sedaya saengga kita saget kempal wonten acara punika tansah sehat wal’afiat.
Salajengipun, kula aturaken sugeng rawuh wonten acara malam tirakatan kamardhikaan Indonesia ingkang kaping sewidak pitu.
Bapak-ibu sarta sedherek-sedherek ingkang kinurmatan, kados sampun kita mangertosi sesarengan bilih rikala tanggal 17 Agustus 1945, Indonesia mbiyawaraaken kamardhikan. Para pemimpin bangsa punika wusananipun kasil maosaken teks proklamasi kamardhikan Indonesia lan gadhah cita-cita luhur inggih punika sila-sila wonten Pancasila.
Bapak-ibu ingkang minulya, panjenengan kasuwun rawuh ing pahargyan punika, saperlu tirakatan, sesarengan nyenyuwun dhumateng Gusti Allah, mugi-mugi nagari Indonesia saklajenipun langkung sae tinimbang sakderengipun merdheka.
Bapak-ibu, sumangga kamardhikan menika dipunisi kalihan pembangunan ugi watak nasionalisme ingkang katandur ing manah.
Wasana, cekap semanten atur kula. Bilih wonten klenta-klentu anggenipun kula matur, nyuwun pangapunten.
Wassalamu’alaikum Wb. Wr.